Wednesday, December 31, 2008

Sugeng Warso(no) Enggal Kalih Ewu Songo...

Dumateng Rencang2 sedoyo sae ingkang sakmeniko wonten kampung kalian ingkang wonten paran, kulo ngaturaken Sugeng Warso(no) Enggal Kalih Ewu Songo, kanthi donga mugi diparingi kasarasan lan semangat supados saget langkung sae tinimbang warso kepengker. Nggih minimal postingipun radi sekedik dipun aktifi supados ketingal gayeng maleh.
 
Wonten kesempatan puniko ugi kulo nyuwun pangapunten ingkang kathah dumateng Kakang mas Sugeng dkk ingkang sampun ngundang kulo kempal tgl 28 Des kolo wingi, ananging amargi kedah nglampahi tugas kulo kedah balik maleh wonten Blitar, dados nggih nyuwun ngapunten mboten saget nderek pakempalan. Lha nggih dos pundi maleh lha wong namung "Tiyang Gajian", kedah manut.
 
Dhumatheng kakangmas Sugeng dkk, mbok menawi wonten laporan ingkang kedah dipun sampekaken  babagan hasil pakempalan, monggo, mboten sah sungkan2.
 
Mbok bilih cekap semanten rumiyin, sepindah maleh "Sugeng Warso (no) Enggal 2009" lan.......... MERDEKA!!!!!!!!!!!!!!!!
 
Salam Manies..................
 
Ted.....


-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
"Transmisi ini mungkin berisi informasi yang bersifat pribadi, rahasia dan tertutup untuk
dipublikasikan berdasarkan Hukum dan Peraturan Perundang-undangan yang berlaku di
wilayah Republik Indonesia. Jika Anda bukanlah penerima yang dituju, bersama ini Anda
diperingatkan bahwa semua publikasi, penggandaan, pendistribusian, atau penggunaan
informasi yang ada disini (berikut semua informasi yang terkait) adalah SANGAT
TERLARANG. Jika Anda menerima transmisi ini tanpa disengaja, harap segera hubungi
pengirim dan hapus material ini seluruhnya, baik dalam bentuk elektronik maupun
dokumen cetak. Terima kasih."
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

8 comments:

sws said...

nggih mbah, nami tiyang mboten sah dipun sebut-sebut mbah..

Anonymous said...

kulo mboten saged maringi komentar... boso jowo kromone wis rodo pudar...

sws said...

atur aturlah apanya itu

Anonymous said...

ganti tahun nambah umur,sing penting tansah eling lan waspodo..

Anonymous said...

Sing penting kang heru isih ngerti mangsude to? Soale nek pas telp dijak omong jowo wis kagok2. Ga ngelingi ndeso karang lo.
Ted---

Anonymous said...

Yo isih ngerti mung ora lancar... Maklum wis suwe neng paran... Ojo ngono Ted, Karanglo iki ndeso-ne Yudi.. yen aku Karangdukuh.. hehehe..

Anonymous said...

Plinthengan kah ?

Anonymous said...

Gembong ki saru. Ngendi kuwi?
Karang lo karo dukuh kacek sithik thok anggep wae podho. Podho2 ndesane, nek yudi mending isih pinggir ndalan, Tonggone joko, saiki neng ndi yo?
Ted------